Kanggo sedulur-sedulur Gemolong sing kangen kahanan Prapatan, ojo kuwatir iki tak kirimi gambare, ora sah mudik ndak ngentek'ke ragat.
Kabar soko GEMOLONG
Kabar sing ono ning wilayah GEMOLONG lan sak uthekane
Palang sepur Gemolong
Kanggo sedulur-sedulur Gemolong sing kangen kahanan Prapatan, ojo kuwatir iki tak kirimi gambare, ora sah mudik ndak ngentek'ke ragat.
Macet part 2
Jarene sing tukang ngatur dalan macet teko ngarep Qomstry 3
Macet
Dalan modro tekan pendem lagi di Cor.
Dino iki setu Tgl 25.04.2015 macete dowo tenan.
Macete arah soko kidul (Gemolong) tekan bogorame, macete soko lor (Sumberlawang) tekan ngarep PLN.
Akeh sopir sing ra sadar lalulintas goyang kanan akhire macete tambah dowo
Perjalanan pendem teko gemolong 45 menit
Padang bulan
Padang bulan padange koyo rino
Rembulane sih ngawe awe
Ngekekake ojo turu sore sore
Tabrak'an tengah wengi
Ono tabrakan ning dalan prapatan ngulon ngarep warung sego goreng ngarepe toko bangunan sinar remaja gemolong.
Awal mulane ono montor rodo papat diparkir ning pinggir dalan ngarep sego goreng kuwi mau, kethok'e lagi arep jajan mangan ning warung. Lagi enak-enak'e mangan soko kulon ono cah sak umuran smp boncengan numpak pit montor banter banget arah ngetan, teko tkp bocah mau nabrak montor rodo papat, duuweeerrrrr.....!
Pit montore ndesep ning ngisor montor, ...teruske sesuk, iki eis ngantuk....