Palang sepur Gemolong

Prapatan Gemolong identik karo palang sepur sing ono ning sisih kulon prapatan pas. Angger ono sepur bar lewat mesti macet. Ket jaman Londho teko sak iki isih podo wae. Pemerintah kabupaten Sragen duwe rencana tata kota, Gemolong arep digawe taman-taman, pelebaran dalan, ning kalah karo PJKA amargo sing duwe hak tanah.
Kanggo sedulur-sedulur Gemolong sing kangen kahanan Prapatan, ojo kuwatir iki tak kirimi gambare, ora sah mudik ndak ngentek'ke ragat.
 
  



Macet part 2

Tikungan modro kecamatan miri arah sumberlawang isih tetep macet, dino iki minggu tanggal 26.04.2015 jam 16.16 wib
Jarene sing tukang ngatur dalan macet teko ngarep Qomstry 3
Kanggo sedulur2 gemolong sing arep perjalanan arah ngalor purwodadinan, disaranke lewat jenalas, nganti, jati, sumberlawang



Macet

Dalan modro tekan pendem lagi di Cor.
Dino iki setu Tgl 25.04.2015 macete dowo tenan.
Macete arah soko kidul (Gemolong) tekan bogorame, macete soko lor (Sumberlawang) tekan ngarep PLN.
Akeh sopir sing ra sadar lalulintas goyang kanan akhire macete tambah dowo
Perjalanan pendem teko gemolong 45 menit

Padang bulan

Ayo konco dolanan ning jobo
Padang bulan padange koyo rino
Rembulane sih ngawe awe
Ngekekake ojo turu sore sore